Sabtu, 23 April 2011

Peringatan Tahun Baru Hijriyah

  • wabil muqodimah,hadrotal muhtaromiin poro alim ulama ingkang tansah kulo taati

  • wabil khusus panjenenganipun romo KH abdul aziz ingkang kito tenggo-tenggo fatwa lan nasehatipun.

  • poro sepuh pinisepuh ingkang dahat kinurmatan

  • poro bapak, poro ibu, hadirin kakung sumowono putri ingkang dipun mulyaaken Allah SWT.

        kangge purwakaning atur, sumonggo kito tansah ngunjukkaken raos pujo lan puji wonten ngarso dalem Allah SWT, amergi kanthi limpahan nikmatipun, kulo lan penjenengan sami saget hadir wonten majlis ingkang barokah meniko saperlu mengeti warso enggal utawi tahun baru Hijriyah kanthi sehat, wilujeng nir sambikolo.

        sholawat soho salamipun Allah SWT. mugiyo tansah kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.

        mugiyo kanthi waosan sholawat meniko, saget ndadosaken sebabipun kito selamet ndonyo ngantos dumugi akhirot….amiin,

        poro hadirin, poro rawuh ingkang kinurmatan. wonten ing mriki, kulo ingkang kajibah minangkani pranoto acoro, badhe ngaturaken reraciing acoro mengerti warso enggal utawi peringatan tahun baru Hijriyah.

        mekaten kolo wau reraciing adicoro wonten ndalu meniko. sumoggo kito wiwiti acoro wonten ndalu meniko kanthi waosan surat al-fatehah, ingkang pimpinanipun kasuwun dumateng bopo KH. Sholihuddin, dumateng panjenenganipunwekdal lan panggenan kulo sumanggaaken………………….matur sembah nuwun kulo aturaken, mugiyo kanthi barokah surat al-fatehah, adicoro saget lumampah kanthi lancar.amiin

    kalajengaken adicoro ongko kaleh nun inggih waosan ayat suci Al-Qur’an, ingkang badhe dipun selirani panjenenganipun Ustadz Muhammad Mawahib, dumateng panjenenganipun kasummanggaaken………………… mekaten kolo wau waosan ayat suci Al-Qur’an, mugiyo saget nambahi iman lan taqwo kito dumateng Allah SWT. Amin

    poro hadirin ingkang kinurmatan. adicoro ingkang ongko tigoinggih meniko atur pambagyo utawi sambutan. sambutan saking ketua panitia Peringatan tahun baru Hijriyah badhe kasalirani dening Ust. Abdul Wahid, dumateng panjenenganipun dipunsumanggaaken kanthi hormat……………………………………

    poro hadirin ingkang kinurmatan. adicoro ingkang kaping sekawan inggih meniko adicoro inti, mauidhotul hasanah ingkang badhe kaaturaken dening panjenenganipun romo KH abdul Aziz. dumateng panjenenganipun wekdal lan panggenan kulo sumanggaaken…………….matur nuwun kulo aturaken, mugi-mugi kanthi uraian mauidhotul kolo wau, kito saget mendet manfaat lan hikamah kangge ningkataken amal ibadah kito, amin  Ya robbol alamin.

    poro bapak, poro ibu hadirin ingkang kinurmatan. adicoro ingkang pamungkas inggih meniko do’a penutup ingkang kulo suwunaken barokah do’anipun dumateng panjenenganipun Romo KH. Ahmad Miftah. Ananging sakderengipun adicoro do’a kalampah, kulo minangkani pranoto acoro saking wiwitan ngantos dumugi paripurno anggenipun mimpim acoro kathah kalepatan lan kekirangan, kulo nyuwun agunging samudro pangaksono. wusono kulo pungkasi.

    dumateng panjenenganipun romo KH.Ahmad Miftah kasumanggaaken.

    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar