Kamis, 14 April 2011

Pranoto acoro Halal Bi Halal

  • wabil muqoddimah, haadrotal muhtaromiin poro alim ulama’ ingkang tansah kulo thoati.
  • wabil khusus panjenenganipun romo KH Abdul Wahid ingkang kito tenggo-tenggo fatwa lan nasehatipun.
  • poro bapak, poro ibu, hadirin kakung sumowono putri ingkang dipun mulyaaken Allah SWT.

Sumonngo kito tansah ngunjukaken pujo lan puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun pareng pinten-pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo, khususipun nikmat iman lan islam.

Sholawat soho salam mugiyo tansah kaatur dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.

kanthi waosan sholawat meniko, mugiyo kito dados umatipun ingkang angsal setetes syafaatipun mbenjang wonten dinten kiamat.Amin

Poro hadirin ingkang kinurmatan. Wonten mriki kulo ingkang kajibah minangkani Pranoto acoro, badhe ngaturaken reraciing acoro Halal bi halal.

  • sepindah pembikaan
  • kaping kaleh waosan ayat suci Al-Qur’an
  • Adicoro ingkang kaping tigo atur pambagyo utawi sambutan
  • Adicoro kaping sekawan inggih punika mauidhotul hasanah
  • Adicoro pamungkas nun inggih do’a penutup.

Mekaten kolowau reraci’ing adicoro wonten ndalu meniko. Sumonggo kangge iftitahul majlis acoro wonten ndalu meniko kito bika’ kanthi waosan surat Al Fatihah, ingkang pimpinanipun kasuwunaken dumateng Bopo KH. Abdullah. wekdal lan panggenan kulo sumanggaaken…………..Matur sembah nuwun aturaken, mugiyo kanthi waosan surat Al-Fatihah kolowau, acoro halal bi halal saget lumampah kanthi lancar.Amin

Adicoro salajengipun waosan ayat suci al-Qur’an ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Ustadz saifudin, Dumateng panjenenganipun kasumanggaaken………. Poro hadirin ingkang kinurmatan, Adicoro kaping tigo nun inggih atur pambagyo utawi sambutan. Sambutan ingkang sepindah saking ketua panitia halal bi halal. Dumateng panjenenganipun Ust. Muhammad Ali dipun sumanggaaken kanthi hormat…….sambutan ingkang kaping kaleh saking shohibul bait, dumateng bapak Abdul Malik wekdal lan panggenan kulo sumanggaaken………..Poro hadirin ingkang kinurmatan. Acoro ingkang ongko sekawan inggih meniko adicoro inti, mauidhoh hasanah ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun romo KH Abdul Wahid. wekdal lan panggenan kulo sumanggaaken………….Mugi-mugi kanthi uraian mauidhoh kolowau, kito saget mendet hikmah kangge ningkataken iman lan taqwo kito ..amin ya robbal alamin…………..

Poro bapak, poro ibu hadhirin ingkang kinurmatan. Adicoro ingkang pamungkas inggih meniko do’a penutup, ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Romo KH saifulloh, Ananging sakderengipun, kulo minangkani pranoto acoro saking awal ngantos akhir anggenipun mimpin acoro kathah kalepatan lan kekirangan,kulo nyuwun agunging samudro pangaksami……….

Dumateng panjenenganipun Romo KH. Saifulloh kasumanggaaken……   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar